Jumat, 07 Agustus 2009

KROKOT

KROKOT DITANDUR ING POT TETEP MLOROT

Sapa wong sing ora kepengin urip sarwo kepenak, mulyo, ketunggon bandha, tansah diajeni dening liyan ? Mesthine kabeh wong kepengin urip kepenak sarwo enak apamaneh yen ing alam pasrawungan kajen keringan.

Babagan kajen orane ing pasrawungan padinan sabenere gumantung saka tumindake dhewe-dhewe. Ana wong sing andhap asor, seneng tetulung marang sopo bae, ora kumalungkung , ora drei srei lan sapunggalane. Wong sing kaya mangkono iku mesthi rumaket pasedulurane lan akeh sedulur sing ngajeni.
Gilok mongso wong kang kesrakat sakabehe adoh saka sifat kang kasebut ing dhuwur mau, tundhone wong kaya mangkono iku ora bisa digawe projo. Padatan seneng ngrasani, jahil methakil, seneng adu-adu, cethil, gampang serik karo liyan lan sapanunggalane mujudake sifat-sifat kang angel diowahi apadene didandani apamaneh digawe projo, saupomo wong mau bisa diprajakake iku mung sawetoro lan suwening suwe bakal bali maneh kaya padatan sadurunge. Pindha krokot ditandur ing pot tetep mlorot.

PERDONDI



lagi iki kelakone
ana bapak lali anak
ana anak lali bapak
padha lanange
rumongso padha benere
antem-anteman, tetendhangan, gegelutan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
wong lanang rok-rokan
wong wadon jejingkrakan
lanang padha lanang sir-siran
wadon padha wadon senengan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
sing sugih sangsaya mbegedhu sugihe
sing mlarat sangsaya kesrakat sakabehe
sing pinter keblinger
sing bodho plonga plongo
wolak walike jaman


Selasa, 04 Agustus 2009

KABOTAN SANGGAN


urip iki paringe Gusti
murbeng dumadi
mobah mosik ngaurip
gumantung Hyang Widi
mula iki ..
dimen ayem lan tentrem jroning ati
podho manembah ngabekti
marang Sang Akaryo Gesang Jati

amung tan keno kiniro
sepiro dayane manungso
ringkih jiwo lan rogo
sesambat ngayuworo
tanpo kendhat ngudoroso
cilik rekoso
gedhe sengsoro
tuwo nelongso

pindha sangsam angupados toya
kulo pasrahaken gesang lan sanggan punika
ing ngarso Paduka
dinten punika lan salaminya

batikan 7 yk
karakit dening kris