Senin, 19 Agustus 2013

dhenok

                                                  

dhenok..
Maria Goretti Diani Luchasari
bocah ayu sarwo lugu

ebo bungahing ati
rikolo mangerteni  ing guwo garba
Gusti paring bebungah 
paring momongan kanggo  biyung lan bapa

mongkoging rasa 
nyawang saben rina 
paring tuladha lan tresna
kanggo sapa-sapa....



uripmu bisa kanggo tuladha
tumrap sapa bae
kang kepingin penak ing tembe mburine

dhenok..
Maria Goretti Diani Luchasari
bocah ayu sarwo lugu
srengenge ing wayah awan
rembulan ing wayah wengi

dhenok...
mulyo ing swargo
sesarengan Sang Kenyo lan Bopo
biyung tansah nyengkuyung donga



Kamis, 30 Desember 2010

RIP

puput yuswo
(RIP)

biyung ....
wus ginaris ing pepesthen
jatining ngaurip iku ana ing lahir lan pati
kapan kelakone ora ana sing ngerti
amung titahe manungso
kudu sumadyo
sawanci ditimbali
dening Sang Hyang Akaryo Gesang Jati

biyung ...
wus sawetoro suwe lawase
biyung sabar antre
daya-daya enggal sumare
amung kasunyatan ...
karepe janmo manungso
bedo karso Dalem Hyang Romo

biyung ....
saiki wus titi wanci
nampi kersaning Ilahi
kepareng marak sowan
ing Ngarso Dalem Gusti

biyung ....
atur panuwun tanpo upami
pisungsung putro putri
sungkem pangabekti
prajanji trusing ati

biyung ....
ing tengah ratri
kairing kidung pepudyan suci
kedaling lathi
nyenyuwun mring Hyang Widi
biyung kepareng mulyo ing swargo Ri

(Minggu Pon, 26 Desember 2010 : 07.15
nuju Pengetan Brayat Minulyo)


Jumat, 07 Agustus 2009

KROKOT

KROKOT DITANDUR ING POT TETEP MLOROT

Sapa wong sing ora kepengin urip sarwo kepenak, mulyo, ketunggon bandha, tansah diajeni dening liyan ? Mesthine kabeh wong kepengin urip kepenak sarwo enak apamaneh yen ing alam pasrawungan kajen keringan.

Babagan kajen orane ing pasrawungan padinan sabenere gumantung saka tumindake dhewe-dhewe. Ana wong sing andhap asor, seneng tetulung marang sopo bae, ora kumalungkung , ora drei srei lan sapunggalane. Wong sing kaya mangkono iku mesthi rumaket pasedulurane lan akeh sedulur sing ngajeni.
Gilok mongso wong kang kesrakat sakabehe adoh saka sifat kang kasebut ing dhuwur mau, tundhone wong kaya mangkono iku ora bisa digawe projo. Padatan seneng ngrasani, jahil methakil, seneng adu-adu, cethil, gampang serik karo liyan lan sapanunggalane mujudake sifat-sifat kang angel diowahi apadene didandani apamaneh digawe projo, saupomo wong mau bisa diprajakake iku mung sawetoro lan suwening suwe bakal bali maneh kaya padatan sadurunge. Pindha krokot ditandur ing pot tetep mlorot.

PERDONDI



lagi iki kelakone
ana bapak lali anak
ana anak lali bapak
padha lanange
rumongso padha benere
antem-anteman, tetendhangan, gegelutan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
wong lanang rok-rokan
wong wadon jejingkrakan
lanang padha lanang sir-siran
wadon padha wadon senengan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
sing sugih sangsaya mbegedhu sugihe
sing mlarat sangsaya kesrakat sakabehe
sing pinter keblinger
sing bodho plonga plongo
wolak walike jaman


Selasa, 04 Agustus 2009

KABOTAN SANGGAN


urip iki paringe Gusti
murbeng dumadi
mobah mosik ngaurip
gumantung Hyang Widi
mula iki ..
dimen ayem lan tentrem jroning ati
podho manembah ngabekti
marang Sang Akaryo Gesang Jati

amung tan keno kiniro
sepiro dayane manungso
ringkih jiwo lan rogo
sesambat ngayuworo
tanpo kendhat ngudoroso
cilik rekoso
gedhe sengsoro
tuwo nelongso

pindha sangsam angupados toya
kulo pasrahaken gesang lan sanggan punika
ing ngarso Paduka
dinten punika lan salaminya

batikan 7 yk
karakit dening kris


Sabtu, 06 Juni 2009

PASEMON

                  " ESEM BUPATI, SEMU MANTRI, DHUPAK KULI" 

Sajroning alam pasrawungan ing masyarakat mligine ana ing tlatah Jawa, basa Jawa mujudake basa padinan kang dianggo wicara minongko srana anggone podho sesambungan paseduluran siji lan sijine.

Ing pasrawungan gilok mongso kaprungu saweneh sedulur kang wicara migunakake bebasan, paribasan lan pasemon. Cara wicara mangkono iku ngemu karep supoyo kang diajak wicara ora goreh atine banjur ora serik.

  " Esem bupati, semu mantri, dhupak kuli " 

 Ukara ing dhuwur iku kalebu bebasan, paribasan apa pasemon ? 

Esem bupati mengku teges krana esem utawa tandha (basa Indonesiane bahasa tubuh) sedulur kang diajak wicara wus ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : ana murid numpangake sikil ing meja lan gurune prikso, mulo guru mau mriksani murid sinambi mesem utowo kanthi coro ngedhepake netrane banjur bocah mau ngudhunake sikile.

Semu mantri mengku teges krana disemoni (basa Indonesiane disindir) sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid mau diesemi gurune durung ngerti kersane guru mulo supoyo ngerti kersane gurune murid mau kudu disemoni (disindir).

Dhupak kuli mengku teges krana tetembungan sing cetha sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid diesemi, dikedhepi, disemoni ora ngerti kersane gurune mulo supoyo murid ngerti, guru kudu ngandiko kang cetho "le ... sikile diudhunke, ora sopan"

Selasa, 07 April 2009

Sabdo Dalem

"Ora ono wong sing nyumed dian banjur didokok ono ing ngisor longan, nanging didokok ono ing sakdhuwure ajug-ajug supoyo kabeh wong sing mlebu ing omah iku podho keno sunare"