Jumat, 07 Agustus 2009

KROKOT

KROKOT DITANDUR ING POT TETEP MLOROT

Sapa wong sing ora kepengin urip sarwo kepenak, mulyo, ketunggon bandha, tansah diajeni dening liyan ? Mesthine kabeh wong kepengin urip kepenak sarwo enak apamaneh yen ing alam pasrawungan kajen keringan.

Babagan kajen orane ing pasrawungan padinan sabenere gumantung saka tumindake dhewe-dhewe. Ana wong sing andhap asor, seneng tetulung marang sopo bae, ora kumalungkung , ora drei srei lan sapunggalane. Wong sing kaya mangkono iku mesthi rumaket pasedulurane lan akeh sedulur sing ngajeni.
Gilok mongso wong kang kesrakat sakabehe adoh saka sifat kang kasebut ing dhuwur mau, tundhone wong kaya mangkono iku ora bisa digawe projo. Padatan seneng ngrasani, jahil methakil, seneng adu-adu, cethil, gampang serik karo liyan lan sapanunggalane mujudake sifat-sifat kang angel diowahi apadene didandani apamaneh digawe projo, saupomo wong mau bisa diprajakake iku mung sawetoro lan suwening suwe bakal bali maneh kaya padatan sadurunge. Pindha krokot ditandur ing pot tetep mlorot.

PERDONDI



lagi iki kelakone
ana bapak lali anak
ana anak lali bapak
padha lanange
rumongso padha benere
antem-anteman, tetendhangan, gegelutan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
wong lanang rok-rokan
wong wadon jejingkrakan
lanang padha lanang sir-siran
wadon padha wadon senengan
wolak walike jaman

lagi iki kelakone
sing sugih sangsaya mbegedhu sugihe
sing mlarat sangsaya kesrakat sakabehe
sing pinter keblinger
sing bodho plonga plongo
wolak walike jaman


Selasa, 04 Agustus 2009

KABOTAN SANGGAN


urip iki paringe Gusti
murbeng dumadi
mobah mosik ngaurip
gumantung Hyang Widi
mula iki ..
dimen ayem lan tentrem jroning ati
podho manembah ngabekti
marang Sang Akaryo Gesang Jati

amung tan keno kiniro
sepiro dayane manungso
ringkih jiwo lan rogo
sesambat ngayuworo
tanpo kendhat ngudoroso
cilik rekoso
gedhe sengsoro
tuwo nelongso

pindha sangsam angupados toya
kulo pasrahaken gesang lan sanggan punika
ing ngarso Paduka
dinten punika lan salaminya

batikan 7 yk
karakit dening kris


Sabtu, 06 Juni 2009

PASEMON

                  " ESEM BUPATI, SEMU MANTRI, DHUPAK KULI" 

Sajroning alam pasrawungan ing masyarakat mligine ana ing tlatah Jawa, basa Jawa mujudake basa padinan kang dianggo wicara minongko srana anggone podho sesambungan paseduluran siji lan sijine.

Ing pasrawungan gilok mongso kaprungu saweneh sedulur kang wicara migunakake bebasan, paribasan lan pasemon. Cara wicara mangkono iku ngemu karep supoyo kang diajak wicara ora goreh atine banjur ora serik.

  " Esem bupati, semu mantri, dhupak kuli " 

 Ukara ing dhuwur iku kalebu bebasan, paribasan apa pasemon ? 

Esem bupati mengku teges krana esem utawa tandha (basa Indonesiane bahasa tubuh) sedulur kang diajak wicara wus ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : ana murid numpangake sikil ing meja lan gurune prikso, mulo guru mau mriksani murid sinambi mesem utowo kanthi coro ngedhepake netrane banjur bocah mau ngudhunake sikile.

Semu mantri mengku teges krana disemoni (basa Indonesiane disindir) sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid mau diesemi gurune durung ngerti kersane guru mulo supoyo ngerti kersane gurune murid mau kudu disemoni (disindir).

Dhupak kuli mengku teges krana tetembungan sing cetha sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid diesemi, dikedhepi, disemoni ora ngerti kersane gurune mulo supoyo murid ngerti, guru kudu ngandiko kang cetho "le ... sikile diudhunke, ora sopan"

Selasa, 07 April 2009

Sabdo Dalem

"Ora ono wong sing nyumed dian banjur didokok ono ing ngisor longan, nanging didokok ono ing sakdhuwure ajug-ajug supoyo kabeh wong sing mlebu ing omah iku podho keno sunare"



Rabu, 25 Maret 2009

sang kenyo maria
paring pepadhang

Religious Myspace Comments

Ndherek Dewi Maria

ndherek Dewi Maria
temtu geng kang manah
mboten yen kuwatosa
Ibu njangkung tansah
kanjeng ratu ing swargo
ambo sumarah samyo
sang Dewi ... sang Dewi ...mangestonana
sang Dewi .. sang Dewi .. mangestonana

nadyan manah getera
dipun godha setan
nanging batos engetnya
wonten pitulungan
wit Sang Putri Maria
mongso tega anilar
sang Dewi ... sang Dewi.. mangestonana
sang Dewi ... sang Dewi... mangestonana

(sbr : KA 440 )

Rabu, 18 Maret 2009

AKU

anakmu

biyung ...
dhek biyen patangpuluh enem tahun kepungkur
wanci bakdo asar ora lali
ing deso gunturgeni, poncosari
biyung mrebes mili
milining banyu suci kang metu soko jroning ati
roso rasaning ati
jer basuki nglahirake jabang bayi
jabang bayine sukrismiyati

biyung ...
lingsir wengi kaprungu sworo gemrubog
sora swarane banyu segoro
biyung cingak lan ngudoroso
'e alah ... mergo cedhak pandansimo
turuku ora sekeco
sedhelo tangi mergo jabang bayi
sedhelo gelo mergo ombaking samodro'













gunung wedhi ing pesisir
ora adoh soko gunturgeni ( foto kiriman heart tone kang mlebu e-mail ku)

biyung ...
saiki aku wis gedhe
duwe sesanggeman dhewe
manggon ing papan seje
anake podho luwe
duwe karep lan pepenginan dhewe-dhewe

amung panyuwunku biyung
pujo pangestu lan panjurung
mugo tansah jinangkung
dening Hyang Moho Agung
kahiring maneko kidung
pinongko atur puji panuwun agung

ANAK PUTU


piwelingku marang anak putu




ngger ...
anak putuku sing ndak tresnani
iki piwelingku
manembaho marang gustimu,
podho urip rukun,
podho tresno tinresnan,
podho tulung tinulung,
luwih-luwih marang wong
kang popo cintroko,
aja dumeh
ketunggon bondho
banjur lali karo sopo-sopo


ngger ...
anak putuku sing ndak tresnani
biyung nyenyuwun rino wengi
marang Hyang Akaryo Gesang Jati
berkahing gusti
uripmu podho mulyo lan migunani
dumugeng pati


KEMBANG MEGAR SORE



kembang megar sore




biyung ...
cinipto dening Hyang Rama
sadhengah papan kebak tetanduran
thethukulan tanpo ngetung mongso lan aturan
kabeh kagungane Hyang Putro tanpo watesan

biyung ...
kabeh wit urip subur ing lemah gembur
kembang abang, godhong ijo, woh-wohan kuning lan sadhengah warno lebur
diopeni lan dipepetri dening Sang Hyang Luhur

biyung ...
kebon Dalem kebak thukulan wit kembang
kembange sadhengah kembang
kembang megar sore
ing pojok lor wetan tegalan




GONDO ARUM DALU


gondo arum dalu


biyung ...
wektu dungkap parak esuk
kodhok, jangkrik lan sakeh kewan sawah podho umuk
rame sesahutan ngetokake sworo gumyuk

biyung ...
wektu parak esuk
kricik .. kricik .. suwarane banyu mili soko tuk
gondo arum kasedhot irung

biyung ...
wektu parak esuk
mindhik-mindhik, thimik-thimik sikil jumangkah
mlebu papan endah
katon lambah-lambah banyu wantah
gondo arum ing sadhengah

biyung ...
gondo arum angambar
aruming wanci dalu
sinebut gondo arum dalu

BIYUNGKU

BIYUNGKU

Tetenger : Vincentia Sudjiyem
Dilahirake : 31 Desember 1918 ana ing Selabentar, Trimurti, Srandakan, Bantul, Ngayogyokarto
Kawengku dening priyo : Yohannes Baptista Mardjuki
Tetenger sepuh : Mardi Martojo
Pinaringan putro : 6 cacahe ( 4 pawestri, 2 jalu ) yoiku Ignatia Sudarmi, Redempta Sudaryati, Maria Sulastri, Redemptus Suharyadi, Robertus Sugiharto lan Chatarina Sukrismiyati.
Wektu iki biyung kagungan yuswo 91 tahun

Senin, 16 Maret 2009

BIYUNG



biyung

















biyung ...

sore iki songo likur desember rong ewu wolu
wong jowo kondho siji suro
wektu kang becik
sakeh priyayi nenepi
memuji Hyang Widi
amrih gesang lestari dan banjir ing rejeki

biyung ...
sore iki biyung kerso lenggah
ing sawijining omah pinggir sawah
kalebu tlatah bantul tengah
wewengkon ngayogyakarta hadiningrat

biyung ...
pasuryan adoh soko sumringah
rogo lungkrah, ati sumarah

lingsir wengi biyung gumregah
lenggah tanpo polah
"dhuh Gusti ... kulo pasrah
badan sawetah
tansah nyuwun berkah"