" ESEM BUPATI, SEMU MANTRI, DHUPAK KULI"
Sajroning alam pasrawungan ing masyarakat mligine ana ing tlatah Jawa, basa Jawa mujudake basa padinan kang dianggo wicara minongko srana anggone podho sesambungan paseduluran siji lan sijine.
Ing pasrawungan gilok mongso kaprungu saweneh sedulur kang wicara migunakake bebasan, paribasan lan pasemon. Cara wicara mangkono iku ngemu karep supoyo kang diajak wicara ora goreh atine banjur ora serik.
" Esem bupati, semu mantri, dhupak kuli "
Ukara ing dhuwur iku kalebu bebasan, paribasan apa pasemon ?
Esem bupati mengku teges krana esem utawa tandha (basa Indonesiane bahasa tubuh) sedulur kang diajak wicara wus ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : ana murid numpangake sikil ing meja lan gurune prikso, mulo guru mau mriksani murid sinambi mesem utowo kanthi coro ngedhepake netrane banjur bocah mau ngudhunake sikile.
Semu mantri mengku teges krana disemoni (basa Indonesiane disindir) sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid mau diesemi gurune durung ngerti kersane guru mulo supoyo ngerti kersane gurune murid mau kudu disemoni (disindir).
Dhupak kuli mengku teges krana tetembungan sing cetha sedulur kang diajak wicara ngerti karepe kang ngajak wicara. Tuladha : murid diesemi, dikedhepi, disemoni ora ngerti kersane gurune mulo supoyo murid ngerti, guru kudu ngandiko kang cetho "le ... sikile diudhunke, ora sopan"